Selasa, 22 Desember 2009

Dhawuh Panampi Lamaran (khitbah)


Assalamualaikum wr.wb. dst. amma ba'du.
Nuwun, kulanuwun. Dhumateng panjenenganipun Bapa A ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa X sekalihan ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.


Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit saking mradapa keparengipun Bapa Y sekalihan garwa, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa X sekalihan lumantar panjenenganipun Bapa A.
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, salajengipun dhumawaha sami-sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah. Ing salajengipun, mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa Y sekalihan garwa. Mboten kekilapan panjenenganipun Bapa Y sekalihan garwa namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa X sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.
Namung semanten panampi saking Bapa Y sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa X sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen Bapa Y sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuhipun panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama. Nuwun.

1 komentar:

Unknown mengatakan...

Tulisan ini bagus. Saya menunggu tulisan berikutnya tentang Pasrah-Panampi temanten. Matur nuwun.