Senin, 21 Desember 2009

Dhawuh Pangandika Lamaran (khitbah)


Assalamualaikum wr.wb dst, amma bakdu.
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti Allah, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberna dhumateng kawula.


Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur, kawula minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa X sekalihan.
Panjenenganipun Bapa Y sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kawula minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa X sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan, sumarambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun wonten pirembagan ing antawisipun Bapa X sekalihan ingkang hanggadahi putra kakung kekasih pun Bagus Harits….(hehehehe) kaliyan Bapa Y sekalihan garwa ingkang hanggadahi putra sesilih Rr ….(sembarang wis hehehehe ... ). Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawah sonten, ndhodhok lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bapa X sekalihan anggenipun katampi panglamaranipun pramila ing kalenggahan punika ngaturaken sarana miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi. Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bapa Y sekalihan garwa inggih punika:
Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenggo mboten saged pisah salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bapa X sekalihan dhumateng Bapa Y sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud rasukan sapengadhek, ing pangajab minangka agemanipun calon penganten putri.
Mboten kekilapan Bapa X sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bapa Y sekalihan garwa netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi.
Kejawi punika panyuwunipun Bapa X sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bapa X sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kawula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa X sekalihan, menawi wonten gunyak-gunyuking wicara cawuh kliruning basa kisruhing paramasastra miwah kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kawula nyuwun sihing samodra pangaksama. Nuwun.

Tidak ada komentar: