Senin, 21 Desember 2009

Pranata Adicara Pawiwahan Temanten


Miyosipun temanten putri
Wahyaning mangsangkala apan wus dungkap titi laksitaning adicara. Rehning kados2 putra temanten putri anggenipun hanglulur salira hangelus wadana miwah hangadi busana sampun paripurna. Sumangga kita tumapak ing adicara minangka purwakaning pahargyan, nun inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga. Wondene ingkang hanganti sowanipun sri atmaja temanten putri nun inggih panjenenganipun Ibu …A… saha Ibu …B.. . Hambok bilih sampun samekta ing gati murih rahayuning sedya kawula sumanggaken dhumateng para2 ingkang piniji. Miyosipun putra temanten putri binarung ungeling Ketawang Sekarteja laras slendro pathet manyura. Sumangga, nuwun.



Badhe methuk
Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi. Kawistingal sri atmaja temanten putri sampun lenggah anggana raras, tegesipun lenggah piyambakan saperlu nyenyadhang tumuruning Wahyu Jodho. Tanggaping sasmita risang duta pamethuk nun inggih panjenenganipun Bapa ……A…. saha Bapa ……B… mangka angayahi jejibahan luhur, kepareng badhe medal pasilan tumuju dhumateng peleremanipun putra temanten kakung. Humiyating risang duta pamethuk kabiwadha ungeling Ladrang Kapang2 laras pelog pathet nem. Sumangga, nuwun.

Jengkaring putra temanten kakung
Sanggya para tamu kakung sumawana putri, mangkana lampahing risang duta pamethuk putra temanten kakung sampun dumugi sasana ingkang tinuju, nulya hanjengkaraken putra temanten kakung. Jengkaring putra temanten kakung ginarubyuk para kadang wandawa, binarung ungeling Ladrang Wilujeng laras pelog pathet barang. Sumangga, nuwun.

Badhe pasrah
Wus samekta ing gati, nun inggih sri atmaja temanten kakung sampun jumeneng sangajenging wiwara pawiwahan, kepareng badhe hanetepi upacara pasrah. Cucuking cundaka ingkang dipun sarirani panjenenganipun Bapa C miwah pengapiting putra temanten kakung panjenenganipun Bapa …B….. saha Bapa ……A…. kados sampun samekta, kepareng badhe masrahaken risang pinanganten kakung dhumateng ngarsanipun Bapa Y ingkang kalenggahan mangke badhe dipun sarirani panjenenganipun Bapa D. Wondene ingkang kepareng hanjajari panjenenganipun Bapa ……E…. saha Bapa …F…. Ing salajengipun, dhumateng panjenenganipun para2 ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga, nuwun.

Badhe nampi
Satuhu tatas titis wijang gamblang cetha trewaca tumata datan tumpang suh, atur pangandikanipun risang cundaka hamasrahaken pinanganten kakung. Salajengipun, Bapa D talanging basa Bapa Y kepareng badhe hanampi sang pindha narendra. Ing wasana, sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga, nuwun.

Badhe panggih
Wus paripurna pasrah-panampining putra temanten kakung kanthi wilujeng nirbaya nirwikara. Para tamu kakung sumawana putri, wus dumugi wahyaning mangsakala laksitaning upacara panggih anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun sinengker. Wondene para paraga ingkang piniji nun inggih: Ingkang mratitisaken panggih putra temanten panjenenganipun Ibu …C…… Ingkang hanganti temanten kakung Bapa …E….. dalasan Bapa …F…. Ingkang nyamektakaken uba rampening panggih Ibu …A…. saha Ibu …B… Dhumateng sanggya para tamu, keparenga jumeneng sawetawis saperlu paring puji pangestu dhumateng panggihing temanten. Awit saking panjurung pangestu panjenengan sami, mugi upacara panggih punika kalis ing rubeda nir ing sambekala. Rahayuning sedya kasumanggakaken dhumateng panjenenganipun para2 ingkang piniji. Panggihing temanten kabiwadha ungeling gangsa Kodok Ngorek kalajengaken Ketawang Larasmaya laras pelog pathet barang. Sumangga, nuwun.

Badhe krobongan
Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka. Bebasan getih rong tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, samangka wus manunggal dadya sajuga. Sang jejaka miwah sang kenya mangkya wus manunggal ing karep, nunggal sedya, nunggal tekad, nunggal ati, nunggal raga, nunggal jiwa. Paraning sedya ninggal alam jejaka miwah kenya, saperlu sesarengan lelayaran ing samodraning gesang, angayahi darmaning kodrat. Jejering gesang kedah jejodhohan minangka sarana nangkaraken wiji kinarya lestarining tumuwuh.
Para tamu kakung sumawana putri, ngancik adicara salajengipun nun inggih upacara krobongan anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah. Upacara krobongan punika antawisipun: timbangan, kacar-kucur, dulangan saha ngunjuk rujak degan. Wondene ingkang badhe mratitisaken lampahing upacara krobongan nun inggih panjenengnipun Ibu ……C…….. Dhumateng ingkang tinanggenah, wekdal saha papan kawula sumanggakaken. Lampahing upacara krobongan binarung ungeling Ladrang Sri Widodo laras pelog pathet barang. Sumangga, nuwun.

Badhe rawuhipun besan
Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu luhuring budi, madyaning suka ing kalenggahan punika boten kekilapan kadang besan sutresna nun inggih yayah rena putra temanten kakung, lekasing sedya ugi nderek mangayubagya keparengipun Bapa Y ingkang hamiwaha putra mahargya siwi, manjing wonten sasana pawiwahan, ginarubyuk sagunging para Kadang Santana. Rawuhipun gya pinapag saha ingacaran panjenenganipun BI ……A…. lajeng kalarapaken saha katampi panjenenganipun BI Y. Menggah rawuhipun kadang besan kabiwadha ungeling Ladrang Tirta Kencana laras pelog pathet nem. Sumangga, nuwun.

Badhe upacara sungkem
Sanggya para tamu, kadang besan sutresna panjenenganipun Bapa Ibu X sampun lenggah aben ajeng kaliyan panjenenganipun Bapa Ibu Y wonten sasana ingkang sampun sumadya, keparenging sedya badhe hanampi sungkeming putra temanten sarimbit. Dumateng para2 ingkang piniji rahayuning sedya kasumanggakaken. Tumapaking adicara sungkeman binarung ungeling Ladrang Mugi Rahayu laras slendro pathet manyura (= Sekar Pangkur Paripurna laras pelog pathet nem). Sumangga, nuwun.

Badhe pambagyaharja
Para tamu kakung sumawana putri, panjenenganipun Bapa Y badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngatruraken pambagyaharja, miwah wudharing gantha, lekas wekasing sedya, wigatosing gati. Inggih kabekta saking raos bombong miwah mongkoging manah, karana karoban ing sih sedaya ingkang sampun kepareng hanjenengi, saengga boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyos ing lathi, namung kandheg wonten ing jangga, mila lajeng hanyaraya dhumateng panjenenganipun Bapa D. Ing salajengipun dhumateng para2 ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga, nuwun.

Bakdha pambagyaharja
Satuhu tatas titis terang gamblang wijang wijiling pangandika, kaduk ruruh hangarah prana panjenenganipun Bapa D anggenipun ngaturaken pambagyaharja miwah wosing gati sampun paripurna. Ing salajengipun, keparenga para tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih sinambi nglaras rarasing gendhing2 saking pita swara ngantos dumugi parpurnaning panghargyan. Sumangga, nuwun.

Badhe kirab kanarendran
Sanggya para tamu, keparenging sedya temanten sarimbit badhe jengkar saking sasana wiwaha, arsa kinirapaken wonten ngarsaning para tamu, tumunten manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran, santun busana ksatriyan. Tataning kirab sinanggit ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani. Kados2 sampun samekta ing gati para paraga ingkang badhe njengkaraken putra temanten, menggah kaleksananing sedya kawula sumanggakaken dhumateng para2 ingkang piniji. Jengkaring Sang Suba Manggala, lamun cinandra kawistara piyaking ngarsa tangkep ing wuri Gendhing Ayak-ayakan laras pelog pathet barang [binarung ungeling Sekar Pangkur Gedhong Kuning laras pelog pathet barang]. Wondene jengkaring temanten sarimbit saking sasana wiwaha tumuju sasana busana binarung ungeling Ketawang Langengita Sri Narendra laras pelog pathet barang. Sumangga nuwun.

Badhe kirab kasatriyan
Para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu sagunging pakurmatan, kados2 putra temanten anggenipun ngrasuk busana kasatriyan sampun paripurna, keparenging sedya badhe humarak sowan malih ngabyantara para tamu, saperlu nyenyadhang pudyastawa mrih widadaning bebrayan. Kirabing putra temanten ngrasuk busana kasatriyan kabiwadha ungeling Ketawang Subakastawa laras slendro pathet sanga. Sumangga nuwun.
Badhe selingan beksan
Para rawuh saha para lenggah, kinarya hamiyak sepining swasana miwah hanglelipur tyas, badhe kaaturaken pasugatan lelangen beksan ……………………… ingkang badhe kaaturaken dening Rara …….. cs. Dhumateng para lebda ing budaya ingkang tinanggenah ngayahi gati, wekdal saha papan kasumanggakaken. Sumangga nuwun.

Sasampunipun selingan beksan
Satuhu edi endah, babaring budaya ingkang winahya ing salebeting beksan ……………., mugi2 handayani dhumateng temanten sarimbit. Rinten dalu, enjing-sonten, among tansah runtung2, bebasan keket raket renggang gula kemepyur pulut. Runtung2 rerentengan pindha mimi lan mintuna.

Badhe selingan gendhing
Para rawuh saha para lenggah, kinarya hangrantu laksitaning tata adicara salajengipun, kasuwun panjenenganipun para tamu lelenggahan kanthi mirunggan, sinambi nglaras rarasing gendhing2 ingkang badhe kaaturaken dening Paguyuban Karawitan Pranatalaras, ingkang dipun sesepuhi panjenenganipun Bapa Tjahjana. Dhumateng para wirapradangga, keparenga ngaturaken gendhing2 ingkang jumbuh kaliyan swasana pahargyan ing hari/ratri kalenggahan punika.

Sasampunipun selingan gendhing
Satuhu edi endah, babaring budaya ingkang winahya ing salebeting gendhing2 [dening] …….……………., mugi2 handayani dhumateng para tamu ingkang katemben wawan pangandikan, langkung2 dhumateng BI Y sakulawangsa anggenipun hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi.

Badhe waosan donga
Sanggya para tamu, ngancik adicara salajengipun nun inggih waosan donga dening tetuwangga ingkang piniji. Atur donga konjuk dhumateng Gusti, mugi-mugi panjenenganipun BI Y anggenipun hanetepi darmaning sepuh, hamiwaha putra mahargya siwi, tansah winantu ing suka basuki. Semanten ugi temanten sarimbit anggenipun badhe lelumban wonten madyaning bebrayan agung, tansah atut runtut dumugi kaken2 lan ninen2 bagya mulya ingkang sinedya rahayu ingkang tinemu basuki ingkang kahesti gagah ingkang jinangkah. Wondene ingkang piniji kepareng badhe ngaturaken donga panjenenganipun B/I ………., ingkang punika sasana saha swasana kawula sumanggakaken. Sumangga nuwun.

Sasampunipun waosan donga
Sanadyan wus paripurna atur donga dening tetuwangga ingkang piniji, parandene maksih kapireng suwantenipun lamat2 dumeling ing akasa, sumusup hima himantaka, saya ndedel nggayuh wiyati, satemah maweh prabawa hanelahi. Mratandani katarima pamintane mring Gusti, mbabar wahyu kanugrahan suci, tumanduk panjenenganipun ingkang hamengku gati, ingkang katemben hamiwaha putra mahargya siwi, mugi tetep winengku ing suka basuki, lestari salami-lami, tur kathah rejeki, lumintu dhumateng para tamu kakung-putri. Sanadyan namung reroncening purwakanthi, mugi anthuk berkahing Gusti, numusi dhumateng panjenengan lan kula sami ingkang hanjenengi pawiwahan mriki.

Badhe paripurnaning gati
Wahyaning mangsakala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut reroncening adicara: purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala. Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun BI Y, keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, saperlu hanguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha pawiwahan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika sampun paripurna, sinartan sesanti jaya2 wijayanti, mugi rahayuha ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit binarung ungeling Ladrang Gleyong laras pelog pathet nem. Sumangga nuwun.

Panutup panatacara
Sampun paripurna pahargyan prasaja ing hari/ratri kalenggahan punika, lumantar pangendhaliwara sepindah malih panjenenganipun BI Y ngaturaken gunging panuwun saha hambok bilih anggenipun hanampi menggah karawuhan panjenengan sami, wonten kuciwaning bojakrami, wonten aruh ingkang kirang wanuh, wonten lungguh ingkang kirang mungguh, wonten suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantu ingkang hamengku gati nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka pangendaliwara, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, jenang sela wader pari sesonderan, apuranta menawi lepat atur kawula. Sepindah malih: tahu kecap Purwasari menawi wonten keladuking patrap lan pangucap nyuwun pangaksami. Nuwun, matur nuwun.

1 komentar:

HADISUMARNA mengatakan...

Mas Nono, kepareng kulo badhe nyuwun tulung, menawi file ingkang magrupi mp3 wonten mboten nggih?